WELCOME MYFRIEND

Rabu, 03 Oktober 2012

 
Assalamualaikum wr.wbBapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni , Bapak – Bapak saha Ibu – Ibu guruingkang satuhu kinurmatan , adik – adik kaelas VII saha VIII ingkang kula tresnani . Puji syukur tansah katur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan , rahmat sarta hidayahdhumateng panjenengan sedaya dalasan kula ,katilik ing wekdhal menika saged kempalmanunggal kanthi wilujeng nir ing sambekala.Kadang kula kelas VII saha VIII ingkang kula tresnani sekedap malih kula sak kanca kelas IX badhe nilaraken pawiyatan ing SMP N 1 MAJENANGpunika . Pramila saking menika ingmbok bilih sak dangunipun kula sesrawungan kaliyan panjenengan sedaya kepanggih kalepatansaha kekhilafan kula nyuwun agunging pangapunten .Awrat sejatosipun kula perpisahan nilaraken bangkuning pawiyatan ing SMP mrikinilaraken adik – adik kelas kula ingkang sampun kula anggep kadhos dene sederek piyambak . Nanging kados pundi malih , jer kula panjenegan sedaya namung tita sawantah mboten kewawinyelai pepesthening gusti ingkang maha kuwaos . Adik – adik kula nderek pepenget dhumateng panjenengan sedaya mugi – mugi sakmedhal kula saking pawiyatan mriki adik –adik sagetadados siswa utawi siswi ingkang tansah mbangun miturut dhumateng Bapak saha Ibu guru landados murid ingkang pinter tur kreatif .Adik –adik kelas ingkang kula tresnani , kula tansah jurung donga lan pamuji mugi – mugi ingkang tasih wonten ing pawiyatan mriki tansah pikantuk pangahyomanipun Allah SWT .Lan semanten ugi kula nyuwun donga saha pangestu dhumateng adik – adik kula mugi – mugikula saged nglajengaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil , wodene ingkangnyambut damel sageta tumunten pikantuk padamelan ingkang trep kaliyan ngelmi sahakesagedanipun piyambak – piyambak .Wasana naming semanten atur pamitan kula amakili sedaya kanca – kanca kelas IX ingmbok bilih anggen kula matur kepanggih kalepatan kula tansah nyuwun lumunturing sihsamodra pangarsami .Wassalammuallaikum wr.wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar